Bendera Bangsaku

SELAMAT DATANG SOBATKU DI BLOG MAMAT/UCOK/RONI PUTERA JAWA KETURUNAN SUMATERA, ALLAH KUASA MAKHLUQ TAK KUASA LAILAHAILLALLAH MUHAMMADURRASULULLAH

SINAU SESORAH JAWA (*SESORAH PRANATA CARA YASINAN LAN TAHLIL)

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du. Nuwun!

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten,
Para alim ulama’ah almaghfirroh KH. Faziruddin ingkang satuhu kinabekten,
Para tamu undangan ingkang kinurmatan,

Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga kula panjenengan sami saged lenggah makempal, manunggal ngrawuhi menapa ingkan dados undanganipun Romo Diharjo sakaluwarga wonten menika papan kanthi wilujeng tanpa satunggal alangan menapa.

Salawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para kaluwarga, sahabat, saha pengikutipun mugi sumrambah dumatheng kula panjenengan sedaya. Aamiin.

Salajenganipun, kados menapa ingkang sampun kaserat wonten serat ulem. Bilah panjenengan sedaya katur rawuh ing griya Bapak Diharjo kagem ngawontenaken satunggaling syukuran amargi putra mbarep saking Romo Diharjo sampun purna anggenipun pasinaon ing Universitas Gajah Mada Ngayogyakarta Hadiningrat.Sanggayaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula minangkani supados dados badal wakilipun Romo Diharjo, ngambali atur pambagya sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang mawantu-wantu dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, ngenthengaken sarira saperlu rawuh wonten papan menika.

Salajenganipun kados sampun kapacak wonten ing serat sedhahan ingkang dados wigatosing sedya, inggah Bapak Diharjo, sakaliyan mliginipun anakmas Wikan Kusuma kados kajugrugan ing wukirsari, awit nalika surya 26 November 2015 sampun winisuda minangka Sarjana Teknik ing Fakultas MIPA UGM Ngayogyakarta Hadiningrat.

Ingkang menika bapak Diharjo sakadang gotrah tansah memuji ing ngarsanipun Gusti mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipanipun anakmas Wikan Kusuma, S.T lajeng saged angsal pidamelan ingkang kados pun kersakaken. Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saged ula aturaken awit asmanipun ingkang amengku gati, pinaggih kasaring atur, lepating paramasastra tuin kiranging trapsila sowan kula, saestu tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Wonten ing nginggil menika satunggaling contoh naskah pidato bahasa jawa atur pambagya syukuran. Mugi saged mumpangati tumrap kula sedaya. Kathah klenta-klentu ugi kiranging pangertosan kula saestu nyuwun pangapunten.

Pidato Pembawa Acara Tahlilan dalam Bahasa Jawa

Written By SINAR INDO BRASS on Sunday, 24 June 2012 | 12:50

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, Alhamdulllahilladzi anzala sakinata fiiqulubil mu'minin liyazdaadu iimanan ma'aa immanihim. Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah, wa asyhadu anna muhammadan 'abduhu warosulu la nabiyya ba'dah.



Allohumma sholli 'ala sayyidina Muhammad, wa'ala alihi wasohbihi waman tabi'ahum biihsanin ilaa yaumiddin.

qoolallahu ta'ala fil qur'anil kariim, a'udzubillaahi minashaitonirrojiim, bismillah hirrohmaanirrohiim :


amma ba'du :

almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,
ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh,
ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo jamaah tahlil,
wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..........sekeluarga

alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil 'aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak ...... kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X

sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli 'alaa Muhammad...
ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul Islam, arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal 'alamin ...

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika Bapak .... kagungan hajat inggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang asma :
1. Almarhum Bapak.....
2. Almarhum Bapak.....
3. Almarhumah Ibu.....
4. ................... lan
5. ...................

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika pembacaan yasin lan tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak ..... lan mangke dipun tutup do'a kalian panjenenganipun Bapak .....

Monggo pakempalan dalu menika kito mulai kanthi pembukaan ummul qur'an shurotul fatihah...
Bismillahirrohmaanirrohim, ila hadrotin nabi mustofa Muhammad shollallohu 'alaihi wasallam wa'ala alihi wasohbihi wa azwajihi wadhurriyya tihi ajma'in, ALFAATIHAH...

Saklajengipun waosan yasin lan tahlilipun, dumateng panjenenganipun Bapak .... kawulo aturan..

PEMBACAAN YASIN DAN TAHLIL
PEMBACAAN DOA
ISTIRAHAT

Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo wau waosan yasin, tahlil, lan doa sampun kolo lan panjenengan lampahi kanthi lancar lan gangsar, Mugi-Mugi, menopo ingkang dados niat lan hajatipun Bapak ...... estu-estu dipun terami kalian Allah SWT. Amin ...

Atas Nami shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..... ngaturaken agunging panuwun atas kerawuhan lan doa kulo panjenengan sami, lan nyuwun ngapunten mbok bilih anggenipun paring panghormatan, pinaraan ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan jedoyo.

Kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan sedoyo.

Akhiru kalam, billahi taufiq wal hidayah, Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Allahumma sholli alaa Muhammad....