Karanggede, 28 Maret 2026H /8 Syawal 1447H
A. Pambuka (Pembukaan)
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Rahayu Sagung Dumadi
Dhumateng para bapak, ibu kanca-kanca alumni UT ingkang satuhu kinurmatan.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit saking rahmatipun kita saged kempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambikala. Biqaulina Alhamdulillah
Sholawat ugi salam tansah konjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW (Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala ali sayyidina Muhammad), ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu wonten dinten kiamat.
B. Maos Susunan Acara (Membaca Susunan Acara)
Wonten ing mriki, keparenga kula minangka pranatacara badhe maosaken reroncening adicara ingkang badhe lumampah:
- π·ππππππ
- πΎπππππ π²ππππππ πππππππππ π
πππππ ππππππ πππ π
πππππππππ
- π¨πππ π·πππππππ π―ππππ ππππππ ππππ πππππ πππ πππππ πππππ πππππππ
- π³ππππππ ππππππππ πππ πππππππ πππππ πππππππ ππππ πππππππ
- πΉππππ π»ππππ πππ ππππ
πππ ππππππ
- π·ππππππ
Dhumateng para bapak, ibu, sedherek sedaya ingkang bagya mulya.
C. Mlebet Adicara (Memulai Acara)
- Adicara ingkang sepisan inggih punika pambuka. Sumangga adicara halal bihalal menika kita bikak kanthi waosan Basmalah sesarengan… (Bismillahirrohmanirrohim).
D. Ngaturaken Wekdal (Memberi Waktu ke Pembicara)
- Adicara saklajengipun inggih punika Waosan Kalimat thoyyibah dzikir tahlil dunga sakcekapipun kagem sedherek kanca-kanca kula lan panjenengan ingkang sampun sumare. Dhumateng Rama/bapak [Nama], wekdal saha panggenan kawula sumanggakaken.
- Jangkep adicara kaping 3 inggih punika Atur Pambagya Harjo saking bapa ketua lan ikrar halal bihalal Dhumateng Rama Rudito wekdal saha panggenan kawula sumanggakaken.
- Adicara ingkang kaping 4 inggih punika Laporan keuangan lan rencana halal bihalal taun ngajeng Dhumateng Biyung Yuni wekdal saha panggenan kawula sumanggakaken.
- Adicara saklajengipun Ramah tamah lan mudhut gambar, ananging sakderenge adicara punika,
E. Panutup (Penutup)
Mbok bilih saking kula anggenipun ndherekaken adicara menika kathah klenta-klentunipun, kula nyuwun agunging sih samudara pangaksami. Sumangga kita tutup kanthi waosan Hamdalah sesarengan… (Alhamdulillahirabbil'alamin).
> Tuku santen dhateng peken
> Pekene peken baleharjo
> Kulo kinten cekap semanten
> Sedoyo lepat nyuwon pangapuro
Wallahul muwaffiq ilaa aqwamittharieq.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.