Bendera Bangsaku

SELAMAT DATANG SOBATKU DI BLOG MAMAT/UCOK/RONI PUTERA JAWA KETURUNAN SUMATERA, ALLAH KUASA MAKHLUQ TAK KUASA LAILAHAILLALLAH MUHAMMADURRASULULLAH

PRANATA CARA HALAL BIHALAL TU 2026M 1447H


🕌*RERONCENING ADICARA HALAL BIHALAL ALUMNI S.1 PGSD UT LULUSAN TAHUN 2014/2015*🕌

Karanggede, 28 Maret 2026H /8 Syawal 1447H

A. Pambuka (Pembukaan)
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Rahayu Sagung Dumadi
Dhumateng para bapak, ibu kanca-kanca alumni UT ingkang satuhu kinurmatan.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit saking rahmatipun kita saged kempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambikala. Biqaulina Alhamdulillah 
Sholawat ugi salam tansah konjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW (Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala ali sayyidina Muhammad), ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu wonten dinten kiamat. 

B. Maos Susunan Acara (Membaca Susunan Acara)
Wonten ing mriki, keparenga kula minangka pranatacara badhe maosaken reroncening adicara ingkang badhe lumampah:
  1. 𝑷𝒂𝒎𝒃𝒖𝒌𝒂
  2. 𝑾𝒂𝒐𝒔𝒂𝒏 𝑲𝒂𝒍𝒊𝒎𝒂𝒕 𝒕𝒉𝒐𝒚𝒚𝒊𝒃𝒂𝒉 𝒅𝒛𝒊𝒌𝒊𝒓 𝒕𝒂𝒉𝒍𝒊𝒍 𝒍𝒂𝒏 𝒅𝒖𝒏𝒈𝒂𝒏𝒊𝒑𝒖𝒏
  3. 𝑨𝒕𝒖𝒓 𝑷𝒂𝒎𝒃𝒂𝒈𝒚𝒂 𝑯𝒂𝒓𝒋𝒐 𝒔𝒂𝒌𝒊𝒏𝒈 𝒃𝒂𝒑𝒂 𝒌𝒆𝒕𝒖𝒂 𝒍𝒂𝒏 𝒊𝒌𝒓𝒂𝒓 𝒉𝒂𝒍𝒂𝒍 𝒃𝒊𝒉𝒂𝒍𝒂𝒍
  4. 𝑳𝒂𝒑𝒐𝒓𝒂𝒏 𝒌𝒆𝒖𝒂𝒏𝒈𝒂𝒏 𝒍𝒂𝒏 𝒓𝒆𝒏𝒄𝒂𝒏𝒂 𝒉𝒂𝒍𝒂𝒍 𝒃𝒊𝒉𝒂𝒍𝒂𝒍 𝒕𝒂𝒖𝒏 𝒏𝒈𝒂𝒋𝒆𝒏𝒈
  5. 𝑹𝒂𝒎𝒂𝒉 𝑻𝒂𝒎𝒂𝒉 𝒍𝒂𝒏 𝒎𝒖𝒏𝒅𝒉𝒖𝒕 𝒈𝒂𝒎𝒃𝒂𝒓
  6. 𝑷𝒂𝒏𝒖𝒕𝒖𝒑 
Dhumateng para bapak, ibu, sedherek sedaya ingkang bagya mulya.

C. Mlebet Adicara (Memulai Acara)
  • Adicara ingkang sepisan inggih punika pambuka. Sumangga adicara halal bihalal menika kita bikak kanthi waosan Basmalah sesarengan… (Bismillahirrohmanirrohim).
 
D. Ngaturaken Wekdal (Memberi Waktu ke Pembicara)
  • Adicara saklajengipun inggih punika Waosan Kalimat thoyyibah dzikir tahlil dunga sakcekapipun kagem sedherek kanca-kanca kula lan panjenengan ingkang sampun sumare. Dhumateng Rama/bapak [Nama], wekdal saha panggenan kawula sumanggakaken. 
  • Jangkep adicara kaping 3 inggih punika Atur Pambagya Harjo saking bapa ketua lan ikrar halal bihalal Dhumateng Rama Rudito wekdal saha panggenan kawula sumanggakaken. 
  • Adicara ingkang kaping 4 inggih punika Laporan keuangan lan rencana halal bihalal taun ngajeng Dhumateng Biyung Yuni wekdal saha panggenan kawula sumanggakaken. 
  • Adicara saklajengipun Ramah tamah lan mudhut gambar, ananging sakderenge adicara punika, 

E. Panutup (Penutup)
Mbok bilih saking kula anggenipun ndherekaken adicara menika kathah klenta-klentunipun, kula nyuwun agunging sih samudara pangaksami. Sumangga kita tutup kanthi waosan Hamdalah sesarengan… (Alhamdulillahirabbil'alamin). 

> Tuku santen dhateng peken 
> Pekene peken baleharjo 
> Kulo kinten cekap semanten 
> Sedoyo lepat nyuwon pangapuro

Wallahul muwaffiq ilaa aqwamittharieq. 
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Pembawa acara bahasa Jawa, atau pranatacara, menggunakan bahasa Jawa krama inggil yang santun untuk memandu acara (pernikahan, pengajian, rapat) secara formal. Struktur utamanya meliputi: salam pembuka, puji syukur, penghormatan tamu, pembacaan susunan acara, inti acara, dan penutup.
Berikut adalah contoh naskah pranatacara yang dapat disesuaikan:
1. Pambuka (Pembukaan)
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng para sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Para bapak, para ibu, saha hadirin sedaya ingkang satuhu kinurmatan.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit saking rahmatipun kita saged kempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
2. Maos Susunan Acara (Membaca Susunan Acara)
*Wonten ing mriki, keparenga kula minangka pranatacara badhe maosaken reroncening adicara ingkang badhe lumampah:
  1. Pambuka
  2. Waosan Ayat Suci Al-Qur'an (menawi wonten)
  3. Sambutan-sambutan
  4. Adicara Inti
  5. Donga/Penutup.*
3. Mlebet Adicara (Memulai Acara)
Adicara ingkang sepisan inggih punika pambuka. Sumangga acoro meniko kita bikak kanthi waosan Basmalah sesarengan… (Bismillahirrohmanirrohim).
4. Ngaturaken Wektu (Memberi Waktu ke Pembicara)
Adicara salajengipun inggih punika sambutan. Dhumateng Bapak [Nama], wekdal saha panggenan kawula sumanggakaken.
5. Panutup (Penutup)
Mekaten adicara sampun kalampah kanthi lancar. Kula minangka pranatacara nyuwun agunging pangaksami menawi wonten kekirangan utawi kaluputan. Sumangga kita tutup kanthi waosan Hamdalah… (Alhamdulillahirabbil'alamin).
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Istilah Penting Pranatacara:
  • Wekdal saha panggenan kulo sumanggakaken: Waktu dan tempat saya persilakan.
  • Dahat kinurmatan: Sangat dihormati.
  • Nir ing sambekala: Terhindar dari marabahaya/lancar.
  • Matur nuwun/Agunging panuwun: Terima kasih/Terima kasih banyak


0 komentar: